Asslamaualikum...
Aku rizki..
Pan cerita sedikit lah tentang adik bungsu wadone nyong sing arane Tantri Wulandari (Wulan)
Mulai dino senin
Mentang" adi wadon siji"ne si wulan kue wes umur 17 th tapi manjane esih kaya bocah umur setahun.. ( umur setahun manjane kayangapa ya iloke 😂😂)
Mangan ya neng lagi angot jalok di dulang mamake .. karo kakange ya pada bae .. PR sekolah ya jalok dikerjake kakange.. aku sebagai kakang sing ganteng ya weruh adine ngrengek jalok di warai PR ya ora tega ohh.
Ora mung PR tok .. pas arep mangkat be masih
Jalok di anter na .. jare ne nyong tah sing isin nyonge dewek.. mbokan pas tekan sekolah.e aku di krumuti batur"e 😂😂
Wedi ohh mbokan ngkone terkenal ..
Manjane ora tekan kunu tok.. balik sekolah wadul maring nyong ..jarene ngene
"Kang.. baturane pada duwe HP.. lah nyong mbok di tukok na oh ..men bisa sms an karo batur"e..."
Ngomonge karo raine di lipet" dadi segitiga 😂😂 ..aku sbagai kakange yak ..ya ora tega lah..
Tak omongi .." koe jalok HP sing kayangapa sih.. ngomong bae.. Hp anyar apa HP sing wes rusak??😂😂
Adine nyaut "sing apik oh..sing biso ngirim foto "
Jawab ku " owww ya wis tak golet na HP Samsul Galakmen 😂😂)
Dino kemis isuk"
Aku lgi ng umahe simbahe ..
Berhubung adi ne nyong wes tak tuku ake HP samsul galakmen.. tiap isuk SMS jalok di anter mangkat sekolah..
(Sms) : kang qhu d!Ant3r na mAnGkt scHolaH yUhh.. Wz t3Lat iki..!
Sms.e Cah SMP kui di woco angel ..jare ne bahasa gaull.. la mikine ora nganggo bahasa isyarat bae yak sms e 😂😂
Trus aku buru" balik.. stater motor tancap gass ..ngeeeaaanggg...
Pas tekan omah eehhhh jebule adiku wes mangkat dewekann..
Aku yo dadi kakange ora tega weruh mangkat dewekan .. biasane aku sing nganter ko ya..
Trus tak SMS "koe wes mangkt?? Karo sopo??"
Tak tungguni ora baless.. aku kan kuatirr
Tak telpon oh langsung.. "tuuuutttt...tutttt....tuuuutt...."
Wes ping 5 balen ora di angkat..
Kie bocah wes tekan urung yak ..ngomong jerongati..
Tak sms maning "koe wes tekan urung ..baless ohh sms.e kakang.. "
Masih ora bales maning.. kan aku rada bingung..
Aku ora nyerahh.. sbagai kakang sing ganteng pantang menyerah..
Tak sms sepisan maning
"Wulann.. koe wes tekan skolahan drong sih.. koe miki mangkat karo sapa? .. nyong mung pan Ngomong tok karo koe...
Nek mangkat sekolah aja Buru".. kie HP mu ketinggalan.. moni terus.. krang..kring..krang..kring.. miki ana sing nelpon ping 5 karo SMS akeh banget..mbokan ono penting"
Wes lumayan tenang atine wes tak sms ..mbokan wonge maca tah mending oh..
Wis kyo kui bae.. ceritone
By Rizki kakang sing ganteng dewek se kelurga 😂